Iklan Layanan

Cuplikan

KIDUNG SAMUDRA SIH

KIDUNG SAMUDRA SIH
Sabda : Anala Wara (Anwar)


Ngawiti ingsun nyerat serat
Kelawan muji marang kang nggawe jagad
Kanthi nyuwun mring Nur Muhammad
Mugi kita sami rahayu dunya akherat

Samudro sih iku sipating gusti
Kang nyipati bumi sak isi
Samudra sih kang dadekake gusti
iku sedoyo sampun pesti

Sih iku tumuruning saka tresna
Tresna iku jalaran saka kulina
Kulina iku mesti sing ngatur sing maha kawasa
Aja ditampik sih iki merga tanpa marga

Ingsun lan sira dicipta tunggal
Tunggal kang manunggal tunggul
Kang dadi jalma enggal ugi unggul

Sih kang semula tunggal
Muga dadi tunggul lan unggul
Ingsun lan sira dadi jalma kang tunggal
kelawan sih


Ponorogo, 8 Juni 2017

No comments

Komentar apapun, tanggung jawab pribadi masing-masing komentator, bukan tanggung jawab redaksi.